Selasa, 12 Oktober 2010

SERAT DARMAGANDHUL (13)

Sêrat Darmagandhul


Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.

(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.

(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.

(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Kasalin lan kababar ing basa Indonesia dening :

( Diterjemahkan dan diulas kedalam bahasa Indonesia oleh: )

Damar Shashangka

2010


XIII

K

acarita Adipati Pêngging lan Pranaraga, iya iku Adipati Andayaningrat ing Pêngging lan Bathara Katong ing Pranaraga, wis padha mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati Dêmak, nanging ênggone mbêdhah sinamun sowan riyaya, dene ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja, ora karuhan jujuge ana ing ngêndi, Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga bangêt dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para wadya sumêdya nglurug pêrang marang Dêmak, labuh bapa ngrêbut praja, para wadya-bala wis rumanti gêgamaning pêrang pupuh, mung kari budhale bae, kasaru têkane utusane Sang Prabu maringake layang. Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga sawise tampa layang lan diwaos, layang banjur disungkêmi kanthi bangêt ing pamuwune lan bangêt anjêntung panggalihe, tansah gedheg-gedheg lan gêrêng-gêrêng, wajane kêrot-kêrot, surya katon abang kaya gêni, lan kawiyos pangandikane sêru, kang surasane nyupatani marang panjênêngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak ndêdawa wirang.

Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang Dêmak, amarga saka putêking panggalihe banjur padha gêrah, ora antara lawas padha nêmahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga padha ditênung dening Sunan Giri, pamrihe supaya aja ngribêdi ing têmbe buri.

Mula carita bêdhahe Majapahit iku mung dicêkak, ora satimbang karo gêdhene nagara sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka wêwadining ratu, putra mungsuh bapa, yen dirasa satêmêne saru bangêt. Mula carita bêdhahe Majapahit sinêmonan dening para pujangga wicaksana, mangkene pasêmone:

  1. Amarga saka kramate para Wali, kêrise Sunan Giri ditarik mêtu tawone ngêntupi wong Majapahit.
  2. Sunan Cirêbon badhonge mêtu tikuse maewu-ewu, padha mangani sangu lan bêkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga wêruh akehing tikus.
  3. Pêthi saka Palembang ana satêngahing paprangan dibukak mêtu dhêmite, wong Majapahit padha kagegeran amarga ditêluh ing dhêmit.
  4. Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.

Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Kabeh mau mung pasêmon, mungguh sanyatane, carita bêdhahing Majapahit iku kaya kang tak-caritakake ing ngarêp. Nagara Majapahit iku rak dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak mung amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka dipangan ing wong. Alas angkêr akeh dhêmite, bubaring dhêmit yen alase dirusak dening wong, arêp ditanduri. Nanging yen Majapahit rusake amarga saking tikus, tawon lan dhêmit, sapa kang ngandêl yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dhêmit, iku pratandha yen wong mau ora landhêp pikire, amarga carita kang mangkono mau kalêbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair lan batine, mula mung kanggo pasêmon, yen dilugokake jênênge ambukak wadine Majapahit, mula mung dipralambangi pasêmon kang orang mulih karo nalare. Dene têgêse pasêmon mau mangkene:

Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur ngrêbda, têgêse: para ‘ulama dhek samana, nalika lagi têkane nyuwun panguripan marang sang Prabu ing Majapahit, barêng wis diparingi, piwalêse ngrusak. Tawon iku nggawa madu kang rasane manis, gêgamane ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok utawa tala, têgêse: maune têkane nganggo têmbung manis, wusana ngêntup saka ing buri, dene tala têgêse mêntala ngrusak Majapahit, sapa kang ngrungu padha gawok.

Dene dhêmit diwadhahi pêthi saka Palembang, barêng dibukak muni jumêglug, têgêse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama, pêthi têgêse wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang samar, dhêmit têgêse samar, rêmit, rungsid, dhêmit iku uga tukang nêluh. Mungguh gênahe mangkene: bêdhahe nagara Majapahit sarana ditêluh kalayan primpên lan samar, nalika arêp pambêdhahe ora ana rêmbag apa-apa, samudanane mung sowan garêbêgan, dadi dikagetake, mula wong Majapahit ora sikêp gêgaman pêrang, wêruh-wêruh Adipati Têrung wis ambantu Adipati Dêmak.

Kuna-kunane ora ana praja gêdhe kaya Majapahit bêdhahe mung saka diêntup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare wong sapraja mung saka ditêluh ing dhêmit.

Bêdhahe Majapahit swarane jumêgur, kêprungu saka ing ngêndi-êndi nagara, yen bêdhahe saka binêdhah dening putra, iya iku Wali wolu utawa Sunan wolu kang padha dimêmule wong Jawa, sangane Adipati Dêmak, kabeh mau padha mbalela mbalik.

Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit bêdhah, manuk kuntul iku durung ana kang nganggo kucir, barêng nagara wis ngalih marang Dêmak, kahanan ing dunya nuli malih, banjur ana manuk kuntul nganggo kucir.

Prabu Brawijaya sinêmonan ing gaib: kêbo kombang atine êntek dimangsa tuma kinjir, kêbo têgêse ratu sugih, kombang têgêse mênêng swarane kang mbrêngêngêng, iya iku Prabu Brawijaya panggalihe têlas nalika bêdhahe Majapahit, kajaba mung kendêl gêrêng-gêrêng bae, ora karsa nglawan pêrang, dene tuma kijir iku tumane celeng, tuma têgêse tuman, celeng iku iya aran andhapan, iya iku Raden Patah nalika têkane ana ing Majapahit sumungkêm marang ingkang rama Sang Prabu, ing wêktu iku banjur diparingi pangkat, têgêse oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul pêrang ngrêbut nagara, ora ngetung bênêr utawa luput, nganti ngêntekake panggalihe Sang Prabu.

Dene kuntul nganggo kucir iku pasêmone Sultan Dêmak, ênggone nyêri-nyêri marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane Buda kawak kapir kupur, mulane Gusti Allah paring pasêmon, githok kuntul kinuciran, têgêse: tolehên githokmu, ibumu Putri Cina, ora kêna nyêri-nyêri marang wong seje bangsa, Sang Prabu Jimbun iku wiji têlu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya, mula Sang Prabu Jimbun gêdhe panggalihe melik jumênêng Nata, mulane melik ênggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene ênggone kêndêl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arya Damar, amarga Arya Damar iku ibune putri raksasa, sênêng yen ngokop gêtih, pambêkane siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku wis karsaning Allah, ora mung Sunan Dêmak dhewe bae kang didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha gêlêm ngrumasani kaluputane, dosane lair batin, mula jênênge Wali ditêgêsi Walikan: dibêciki malês ngalani.

Dene anane bangsa Cina padha nênêka ana ing tanah Jawa iku dêdongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa durung akeh kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang katut angin banjur thukul ana ing tanah China, mula saiki banjur padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau, iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

T

ersebutlah Adipati Pengging dan Adipati Pranaraga (Ponorogo) yaitu Adipati Andayaningrat IV di Pengging dan Adipati Bathara Katong di Ponorogo, sudah mendengar bahwasanya negara Majapahit berhasil dijebol oleh Adipati Demak dengan cara berpura-pura hendak memperingati hari raya Islam di Ampel. Sang Prabhu beserta Raden Gugur konon berhasil meloloskan diri dari istana. Tidak diketahui kemana kepergiannya.. Kemarahan Adipati Pengging dan Adipati Pranaraga (Ponorogo) tak terbendungkan lagi. Oleh karenanya, mereka masing-masing telah mengumpulkan kekuatan untuk menggempur Demak. Berkehendak untuk berbakti kepada Ayahanda Prabhu sekaligus hendak merebut tahta. Seluruh prajurid sudah siap sedia dengan persenjataan tempur lengkap, tinggal diberangkatkan. Akan tetapi, utusan Sang Prabhu Brawijaya datang. Adipati Pengging dan Adipati Pranaraga (Ponorogo), begitu selesai membaca isi surat, segera disembahnya surat tersebut dengan hati yang benar-benar teriris dan perih. Mereka hanya bisa menggeram marah dengan gigi bergemeretakan! Wajah mereka memerah bagai api! Hingga keluarlah ucapan sumpah dari mereka, bahwasanya semoga mereka tidak hidup lebih lama lagi agar tidak menanggung malu berkepanjangan.

Kedua Adipati tidak bersedia menghadap ke Demak. Dikarenakan sangat sedih hatinya, sehingga keduanya jatuh sakit. Tidak berapa lama kemudian mereka meninggal dunia. Menurut kabar berita, kematian Adipati Pengging dan Adipati Pranaraga (Ponorogo) dikarenakan karena telah ditenung oleh Sunan Giri. Hal ini dilakukan agar kelak tidak menjadi penghalang dikemudian hari.

Kedua Adipati tidak bersedia menghadap ke Demak. Dikarenakan sangat sedih hatinya, sehingga keduanya jatuh sakit. Tidak berapa lama kemudian mereka meninggal dunia. Menurut kabar berita, kematian Adipati Pengging dan Adipati Pranaraga (Ponorogo) dikarenakan karena telah ditenung oleh Sunan Giri. Hal ini dilakukan agar kelak tidak menjadi penghalang dikemudian hari.

Cerita kehancuran Majapahit sesungguhnya penuh dengan perlambang (simbolisme). Sungguh tidak masuk diakal sehat manakala negara sebesar itu, yang luas jajahannya hancur dikarenakan kekuatan-kekuatan mukjijat Wali. Simbolisme dibuat juga dikarenakan para pujangga malu menceritakan kejadian permusuhan antara anak melawan ayahnya sendiri. Beberapa perlambang (simbolisme) kehancuran Majapahit yang dibuat oleh para bijak adalah sebagai berikut :

  1. Dikarenakan kekeramatan para Wali, keris milik Sunan Giri manakala dihunus keluarlah berjuta-juta tawon yang menyengat prajurid Majapahit sehingga menimbulkan kekalahan.
  2. Badhong (penutup kemaluan) milik Sunan Cirebon (Sunan Gunungjati) manakala dikibaskan keluar beribu-ribu tikus yang memakan perbekalan serta makanan kuda prajurid Majapahit, sehingga menimbulkan bubarnya mereka karena melihat begitu banyaknya tikus.
  3. Peti yang dibawa dari Palembang (ceritanya konon diberikan oleh Adipati Arya Damar) manakala dibuka ditengah pertempuran keluar demit (mnakhluk halus)-nya. Prajurid Majapahit geger tewas karena diteluh oleh para demit (makhluk halus).
  4. Konon Sang Prabhu Brawijaya meninggal secara MEKRAD/MEKRAT (Wafat tanpa meninggalkan jasad di Gunung Lawu)

Kyai Kalamwadi selanjutnya menjelaskan beberpa simbolisme diatas kepada muridnya yang bernama Darmagandhul seperti dibawah ini :

Itu semua hanyalah cerita simbolik semata, sesungguhnya jatuhnya Majapahit ceritanya seperti yang sudah aku paparkan diatas. Nagara Majapahit itu bukanlah sebuah barang remeh temeh yang mudah dihancurkan dan dirusak, tidaklah mungkin hancur hanya karena dikeroyok sepasukan tikus. Yang masuk akal adalah, tawon bisa bubar manakala kayu-kayu tempat bersarang mereka dirusak oleh manusia. Para demit (makhluk halus) bisa pula bubar manakala hutan-hutan dijarah oleh manusia. Akan tetapi jika Majapahit bisa rusak hanya karena tawon, tikus dan demit (makhluk halus), siapa yang bisa percaya? Mereka yang mempercayainya berarti manusia yang pendek nalarnya, sebab cerita yang sedemikian itu tidaklah masuk diakal dan tidaklah sesuai dengan nalar manusia. Semua cerita itu hanya sekedar simbolis belaka. Jika diceritakan apa adanya berarti bisa membuka rahasia kehancuran Majapahit itu sendiri. Tetapi, sedikit dari simbol-simbil itu akan aku jelaskan disini.

Binatang yang bernama tikus itu berwatak suka memakan segala, jika dibiarkan saja lama-lama akan menjadi-jadi, maksudnya : para ulama pada jaman dahulu, pertama kali datang meminta perlindungan kepada sang Prabhu Majapahit, akan tetapi manakala sudah diberi perlindungan, balasannya malah merusak. Sedangkan tawon adalah binatang yang membawa madu yang manis, senjatanya ada dipantat, kediamannya ada dilobang pohon atau tempat bercelah yang tinggi, maksudnya : pertama kali datang dengan ucapan yang manis, akan tetapi ujung-ujungnya menyengat dari belakang, kediaman tawon diberi nama tala, bisa diartikan ‘MEN-TALA (TEGA)’ merusak Majapahit, siapapun yang mendengar hal ini akan keheranan.

Sedangkan demit (makhluk halus) yang berada didalam peti yang dibawa dari Palembang, setelah peti dibuka menimbulkan bunyi menggelegar, maksudnya : Palembang itu berarti bisa diartikan ‘MLEMBANG (GOYAH)’, dimana orang-orangnya gampang berpindah agama. Peti sendiri berarti tempat yang tertutup untuk menutupi benda yang samar, demit (makhluk halus)-pun berarti samar, rahasia, tersembunyi, demit juga cenderung suka meneluh. Maksudnya adalah sebagai berikut : Kehancuran Majapahit akibat diteluh dengan rapi dan tersembunyi, jelasnya saat hendak melakukan penyerangan tidak ada tersiar berita apapun, berpura-pura hendak mengadakan perayaan gerebeg maulid, mengejutkan kedatangannya. Prajurid Majapahit tidak melakukan persiapan sama sekali, tahu-tahu Adipati Terung telah membantu Adipati Demak.

Tidak ada kerajaan besar semacam Majapahit yang kehancurannya hanya karena disengat oleh tawon serta diserang oleh tikus, apalagi bubarnya prajurid hanya karena diteluh oleh demit (makhluk halus) semata.

Kehancuran Majapahit menimbulkan suara menggelegar, hingga terdengar sampai kemana-mana. Terdengar jikalau hancurnya dikarenakan dijebol oleh putra sang Prabhu sendiri dengan dibantu oleh delapan Wali, semua berkhianat kepada sang Raja.

Dan lantas Kyai Kalamwadi menjelaskan : Menurut guruku Raden Budi Sukardi, sebelum Majapahit runtuh, burung bangau tidak ada yang berbulu kuncir dikepalanya. Manakala negara sudah berpindah ke Demak, keadaan berubah, muncul burung bangau dengan bulu kepala berkuncir.

Ini adalah sindiran dari Sang Maha Gaib bagi Prabhu Brawijaya, kebo kombang atine entek dimangsa tuma kinjir (kerbau kumbang hatinya habis dimakan kutu-kutu babi hutan). Kerbau melambangkan Raja yang kaya raya, kumbang melambangkan suaranya hanya bisa berdengung saja, suara Prabhu Bnrawijaya menyaksikan kehancuran Majapahit dengan hati yang habis terkikis dan hanya bisa menggeram tak mampu berbuat apa-apa, tidak melakukan perlawanan. Sedangkan kutu babi hutan (tuma kinjir : kutu yang biasa menempel dibulu babi hutan : Damar Shashangka), TUMA (KUTU) artinya TUMAN (KETERLALUAN), CELENG (BABI HUTAN) artinya berada dibawah, menggambarkan manakala Raden Patah saat datang pertama kali ke Majapahit menghaturkan sembah bakti kepada ayahandanya, lantas diberikan kedudukan, telah mendapatkan hati dari Sang Prtabhu, akan tetapi pada akhirnya mengobarkan peperangan merebut tahta, tidak menimbang salah dan benar, membuat habis hati Sang Prabhu.

Sedangkan burung bangau yang berkuncir adalah sindiran bagi Sultan Demak yang telah menyia-nyiakan ayahanda Prabhu sendiri, mentang-mentang beliau beragama Buda (Shiwa Buddha) totok kafir kufur, oleh karenanya Gusti Allah menyindir dengan munculnya burung bangau yang berkucir bulu kepalanya. Sindiran itu bermaksud, lihatlah leher belakangmu sendiri, ibumu sendiri berasal dari China, tidak sepatutnya berlaku sia-sia kepada orang lain bangsa. Sang Prabhu Jimbun itu memiliki benih dari tiga orang, yang pertama benih Jawa, tak lain benih dari Sang Prabhu Brawijaya, oleh karenanya Sang Prabhu Jimbun mempunyai kecenderungan ingin menjadi Raja yang berkuasa. Cenderung pada kekayaan karena mempunyai benih dari China, sedangkan cenderung berani tapi tanpa perasaan akibat mempunyai benih dari Sang Arya Damar, sebab Arya Damar ibunya adalah seorang raksasa (penganut ajaran Tantra Bhairawa : Damar Shashangka), suka menghisap darah, kelakuannya suka menyakiti. Oleh karenanya muncul burung bangau berkuncir itu semua atas kehendak Allah. Bukan hanya Sultan Demak saja yang disindir agar menyadari kesalahannya, akan tetapi seluruh para Wali yang lain juga disindir agar menyadari kesalahannya. Jikalau tidak juga segera menyadari kesalahan yang telah dibuat, akan menangung dosa lahir batin. Oleh karenanya sebutan Wali bagi orang Jawa juga bisa diartikan WALIKAN (BERBALIK), diberi kebaikan balasannya malah membalas dengan kejahatan.

Sedangkan adanya orang China datang ke Jawa itu dikarenakan, dahulu kala, saat para orang-orang bijak di Jawa belum begitu banyak pengetahuannya, saat mereka meninggal dunia, suksma mereka banyak yang terbawa angin dan lahir kembali di tanah China. Oleh karenanya lantas rindu untuk pulang kembali ke tanah Jawa. Dengan demikian, orang-orang China yang datang ke Jawa sesungguhnya dulu suksma mereka pernah hidup di Jawa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar