Jumat, 30 Juli 2010

SERAT DARMAGANDHUL (4)

Carita adêge Nagara Islam ing Dêmak bêdhahe Nagara Majapahit kang salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buda banjur salin agama Islam.
(Cerita berdirinya Negara Islam di Demak, hancurnya Negara Majapahit, dimana saat itulah awal mula masyarakat Jawa meninggalkan agama Buda [Shiwa Buda] dan berganti memeluk agama Islam.)

Gancaran basa Jawa ngoko.
(Prosa dalam bahasa Jawa kasar)

Babon asli tinggalane K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
(Diambil dari catatan induk asli peninggalan K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.)

Kasalin lan kababar ing basa Indonesia dening :
( Diterjemahkan dan diulas kedalam bahasa Indonesia oleh: )

DAMAR SHASHANGKA
2010






Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: “Pêjah malih yen sumêrêpa, kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah tugu sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut kathah sela agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing Batu’llahipun, badanipun manusa punika Baitu’llah ingkang sayêktos, sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp asalipun badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge tuladha. Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun têrus, sumêrêp cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang yasa rêca punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih pintêr sugih engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking lêluhuripun. sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar ‘Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos, anggêga ujaripun tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari Mêkah, kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya, tanêm-tanêm tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat panjênêngan jotos. Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon saking ngriki, manawi botên purun kesah sapunika, badhe kula undhangakên adhi kula ingkang wontên ing rêdi Kêlut, panjênêngan kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula bêkta mlêbêt dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah, punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng Selabale, dados murid kula!”.


Sunan Benang ngandika: “Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan brêkasakan”.

Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit raja, mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya kados kula, tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan dhatêng tanah Jawi, wontên ing ‘Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking ‘Arab, mila minggat, saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damêl risak barang sae, ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu”.

Sunan Benang ngandika: “Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung rêmbag, dadiya pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah nalar”.

Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge kledhung, kêmbange aran celung.
Sunan Benang banjur pamitan: “Wis aku arêp mulih mênyang Benang”.

Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Inggih sampun, panjênêngan enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi kadangon wontên ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi bênter, nyudakakên toya”.

Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga banjur mulih.

Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen mêntas nampani layang saka Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane layang ngaturi uninga yen nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau unine mangkene: Wontên ler-kilen Kadhiri, pintên-pintên dhusun sami karisakan, anggenipun makatên wau, saking kenging sabdanipun ngulama saking ‘Arab, namanipun Sunan Benang.

Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur diutus mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge sarta asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi nimbali Sunan Benang.

Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane kabeh, dene duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur yen ora oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.

Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring pangandika yen ngulama saka ‘Arab pada ora lamba atine. Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong ‘Arab kang ana ing tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding nagara, mung ing Dêmak lang Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing tanah Jawa, nglêstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi ngulihake mênyang asale, dene yen padha ora gêlêm lunga didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: “Gusti! lêrês dhawuh paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botên sowan utawi botên ngaturakên bulubêkti, mênggah sêdyanipun badhe rêraton piyambak, botên ngrumaosi nêdha ngombe wontên tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka, pêparabipun Sunan ‘Aênalyakin, punika nama ing têmbung ‘Arab, mênggah têgêsipun Sunan punika budi, têgêsipun Aenal punika ma’rifat, têgêsipun Yakin punika wikan, sumêrêp piyambak, dados nama tingal ingkang têrus, suraosipun ing têmbung Jawi nama Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makatên punika ngirib-irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botên kasamaran, ing alam donya botên wontên kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata, kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing nagari Mêdhang-Kasapta.”
Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi pêrang mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug mênyang Giri. Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur campuh pêrang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu mênyang Benang, golek kêkuwatan, sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh mungsuh wong Majalêngka, pêrange rame bangêt, ing wêktu iku tanah jawa wis meh saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene kang kidul isih têtêp nganggo agama Buda. Sunan Benang wis ngrumasani kaluputane, ênggone ora sowan mênyang Majalêngka, mula banjur lunga karo Sunan Giri mênyang Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur ngêbang marang Adipati Dêmak, diajak nglurug mênyang Majalêngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati Dêmak: “Wêruha yen saiki wis têkan masa rusake Kraton Majalêngka, umure wis satus têlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rêmbugku rusakên Kraton Majalêngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngêtarani, sowana besuk Garêbêg Mulud, nanging rumantiya sikêping pêrang: 1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing Dêmak, yen kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para Sunan sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mêsthi nurut marang kowe”.

Ature Adipati Dêmak: “Kula ajrih ngrisak Nagari Majalêngka, amêngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damêl sae paring kamukten ing dunya, lajêng punapa ingkang kula-walêsakên, kajawi namung sêtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing, botên kaparêng yen kula mêngsah bapa, sanadyan Buda nanging margi-kula sagêd dumados gêsang wontên ing dunya. Inggih sanadyan Buda punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah dipunhurmati, punapa malih dereng wontên lêpatipun dhatêng kula”.

Sunan Benang ngandika mêneh: “Sanadyan mungsuh bapa lan ratu, ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buda kawak: kang kok-têmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mêri, gundhul bêntul butêng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan, sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa, masa padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong sabumi ‘alam, têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji, tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl kaping êmbuh, sihing Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satêmêne ramanira iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jênêng Babah, iku ora prayoga, têgêse Babah iku saru bangêt, iya iku: bae mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku mêgat sih arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik, mulane rêmbugku, walêsên kalawan alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên gêtihe, mamahên balunge”.

Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu, didakwa rêraton, amarga aku ora seba marang Majalêngka. Sumbare Patih, yen aku kacandhak arêp dikuciri lan dikon ngêdusi asu, akeh bangsa Cina kang padha têka ana ing tanah Jawa, ana ing Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa Cina kang padha tak- Islamake, tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku mrene ini ngungsi urip mênyang kowe, aku wêdi marang Patih Majalêngka, lan ramanira sêngit bangêt marang santri kang muji dhikir, ênggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora ngukuhi, mêsthi rusak agama Mukhammad Nabi”.

Wangsulane Sang Adipati Dêmak: “Anggenipun nglurugi punika lêrês, tiyang rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing Ratu ingkang mbawahakên, sampun wajibipun dipunlurugi, dipunukum pêjah, awit panjênêngan botên ngrumaosi dhahar ngunjuk wontên in tanah Jawi”.





TERJEMAHAN DALAM BAHASA INDONESIA











Buta Locaya menjawab sembari menggeram, “Mana mungkin nanti jikalau telah meninggal akan tahu, sedangkan pengetahuan akan kemuliaan didunia ini saja sudah tidak utuh, sudah tersesat menyembah tugu dari batu. Jika memang benar-benar berniat menyembah cadas, lebih baik naik ke atas gunung Kelud daripada jauh-jauh, disana banyak batu yang besar-besar asli buatan Tuhan, tercipta semenjak dahulu seperti itu berasal dari sabda Kun (Jadilah), malah itu lebih baik di buat pusat bersujud. Sesungguhnya menurut kehendak Yang Maha Kuasa, seluruh manusia seyogyanya mengetahui kepada Baitullah (Rumah Tuhan)-nya sendiri, tubuh manusia inilah sesunguhnya Baitullah (Rumah Tuhan), sungguh-sungguh buatan Yang Maha Kuasa sendiri. Tempat inilah yang harus dijaga betul-betul. Siapa saja yang tahu darimana asal badan ini, siapa saja yang tahu darimana asal Buddhi dan hawa nafsu ini, patutlah dia dijadikan suri tauladan bagi sesama. Walaupun siang malam menjalankan shalat, akan tetapi apabila masih gelap pengetahuannya tentang diri sendiri, masih tersesat pengetahuannya tentang yang sejati, masih mensujudi tugu batu, tugu batu buatan Nabi (sungguh masih sesat manusia yang demikian itu). Bukankah Nabi tiu sendiri adalah manusia juga kekasih Guati Allah, diberi anugerah dengan kecerdasan dan ketajaman ingatan, terang kesadarannya, tahu hal yang belum terjadi. Anda meyakini tulisan peninggalan mereka, orang Jawa meyakini sastra peninggalan leluhur, sama-sama meyakini kabar masa lalu. Akan tetapi lebih baik meyakini sastra berisi pekabaran masa lalu dari leluhur sendiri yang peninggalannya masih bisa dilihat langsung disini. Orang Jawa yang meyakini tulisan pekabaran masa lalu dari Arab, belum menyatakan sendiri keberadaannya di sana, apakah nyata atau bohong, hanya membenarkan ucapan orang yang membawa kabar semata. Maka menurut hamba, anda datang ke Jawa hanya menjual bualan, menjual bualan bahwa negara Mekkah adalah yang termulia, padahal saya tahu sendiri bagaimana keberadaan negara Mekkah itu, tanahnya beraura panas, jarang air, tanaman apapun tidak bisa tumbuh, udaranya juga panas dan jarang hujan. Bagi akal kebanyakan manusia, tanah disana itu adalah tanah kutukan, banyak manusia menjual manusia sebagai budak dan dipakai sebagai pembantu. Anda benar-benar manusia durhaka, lebih baik saya persilakan pergi dari tanah Jawa, di Jawa ini adalah tanah suci dan mulia, dingin dan panasnya cukup, penuh kekayaan didalam tanah dan air, apa yang ditanam bisa tumbuh, yang menghuni baik lelaki maupun wanita mempunyai moral yang bagus dan cantik, berbicara-pun lemah lembut dan sopan. Jika anda ingin melihat pusat dunia, dengarkan sesungguhnya tempat yang kita injak inilah pusat dunia. Sekarang pertimbangkan kata-kata saya tadi, jika ada yang salah, pukul saya sekarang juga! Semua yang anda ajarkan banyak yang kurang tepat, pertanda kurang kecerdasan, kurang memahami pengetahuan Kesadaran, suka menganiaya sesama. Yang membuat arca ini adalah Prabhu Jayabhaya, kesaktian beliau melebihi kesaktian anda. Apakah anda mampu meramal masa depan setepat beliau? Sudahlah, saya persilakan pergi saja dari tanah Kedhiri. Jika tidak juga mau pergi, saya akan mengundang adik hamba yang ada di gunung Kelud untuk mengeroyok anda, dan akan saya bawa ke kawah gunung Kelud, apakah anda tidak takut jika nanti tidak bisa keluar dari alam siluman dan menjadi penghuni batu seperti saya? Atau mari ke Selabale saja menjadi murid saya.”


Sunan Benang berkata,”Tidak akan mempercayai kata-katamu wahai setan brekasakan!”

Buta Locaya menjawab, “Walaupun saya dhemit (makhluk halus), akan tetapi saya dhemit berpangkat Raja, mulia dan berumur panjang. Anda belum tentu semulia hamba. Niat anda selalu kotor, suka mengganggu dan menganiaya, apakah mungkin anda datang ke tanah Jawa ini dikarenakan anda di tanah Arab adalah orang hina? Jika anda manusia mulia, tentunya tidak usah pergi jauh-jauh keluar dari tanah Arab. Mungkin anda minggat karena melakukan sebuah kesalahan fatal. Tandanya sampai di tanah Jawa-pun masih juga usil, suka menghakimi adat orang lain, suka menghakimi agama orang lain, merusak segala peninggalan luhur yang bagus-bagus, merusak agama leluhur kuno. Sungguh Raja (Majalengka) berhak menangkap anda dan membuang anda ke Menadhu (Menado)!”

Sunan Benang berkata,”Pohon Dhadhap ini bunganya aku berinama Celung, buahnya aku beri nama Kledhung, sebab aku telah Kecelung (tercuri) nalar (kepintaran)-ku dan Keledhung (terbantah) ucapanku. Ini semua sebagai pengingat bahwa aku pernah berdebat dengan Raja Dhemit, kalah pengetahuan dan kalah kepintaran.”

Oleh karenanya terkenal hingga sekarang, buah Dhadhap namanya Kledhung sedangkan bunganya Celung.

Sunan Benang lantas berpamitan,” Sudahlah kalau begitu aku akan pulang ke Benang.”
Buta Locaya menjawab dengan nada marah,”Benar, segeralah pergi, disini anda hanya akan membuat tanah menjadi angker, jika anda berlama-lama disini hanya akan menambah kesusahan, menyebabkan susah tumbuh padi, menambahi panas, membuat susah air!!”

Sunan Benang lantas pergi, sedangkan Buta Locaya beserta pasukannya juga kemudian balik pulang.

Lain yang diceritakan, yaitu dinegara Majalengka, pada suatu hari, Sang Prabhu Brawijaya duduk disinggahsana dan dihadap para pejabat. Sang Patih melaporkan bahwa telah mendapatkan surat khusus dari Tumenggung Kertasana. Isi surat melaporkan bahwa daerah Kertasana sungainya mengering. Sungai yang mengalir dari arah Kedhiri aliran airnya kini menyimpang ke timur. Sebagian isi surat melaporkan seperti ini : Di sebelah utara barat Kedhiri, banyak desa rusak, semua itu disebabkan karena kutukan ulama dari tanah Arab, bernama Sunan Benang.

Mendengar laporan Patih, Sang Prabhu bangkit murkanya. Sang Patih lantas diutus ke Kertasana, untuk menyatakan sendiri keadaan disana, melihat kondisi manusia berikut hasil bumi yang terlanggar aliran air. Bahkan mewngutus beberapa pejabat untuk memanggil Sunan Benang.

Singkat cerita, seusai Sang Patih melihat sendiri kondisi Kertasana, segera melaporkan semuanya kepada Sang Prabhu. Sedangkan utusan yang diutus ke Tuban juga sudah tiba kembali, melaporkan bahwa tidak mendapatkan hasil, sebab Sunan Benang telah pergi tidak diketahui kemana.

Mendengar seluruh pelaporan para bawahannya, Sang Prabh Brawijaya semakin murka! Beliau menyatakan bahwa ternyata ulama dari Arab tidak ada yang tulus hatinya! Sang Prabhu lantas memerintahkan Patih agar mengusir seluruh orang Arab yang tinggal di Jawa, sebab telah membuat kesusahan negara! Hanya yang ada di Ngampeldhenta dan Demak saja yang masih diperbolehkan tinggal di Jawa dan diijinkan mensiarkan agama Islam. Selain dikedua tempat itu, semua harus dipulangkan ke asalnya! Jika menolak dipulangkan maka diperintahkan untuk dihancurkan saja! Sang Patih berkata, “ Gusti, benar apa yang paduka katakan. Sudah tiga tahun berselang penguasa Giripura (Giri Kedhaton atau Sunan Giri) tidak pernah menghadap dan tidak pernah memberikan upeti sebagai tanda takluk. Jelas mereka hendak merencanakan untuk mendirikan negara sendiri. Tidak sadar telah makan dan minum hanya numpang di tanah Jawa! Bahkan nama santri Giri (Sunan Giri) kini telah terkenal mengalahkan kebesaran nama paduka. Bahkan kini mengambil gelar baru Sunan Ainulyaqin. Sunan berarti Kesadaran, Ainul berarti Makrifat atau Mengetahui akan Tuhan dan Yaqin berarti benar-benar mantap lahir batin. Paduka bisa mengartikannya sendiri. Dalam bahasaa Jawa dia mengambil gelar Prabhu Satmata (Bermata Enam). Ini adalah gelar yang sangat tinggi, hampir menyerupai gelar Yang Maha Kuasa sendiri (Hyang Bathara Shiwa), Satmata berarti tahu segalanya. Dialam dunia, tidak ada lagi sosok yang menggunakan gelar Sang Prabhu Satmata kecuali dulu Bathara Wishnu manakala turun ke dunia dan menjelma sebagai Raja di Medhang Kasapta.”

Mendengar kata-kata Sang Patih, Sang Prabhu segera memerintahkan untuk menyerang Giri. Berangkatlah pasukan tempur Majapahit dibawah pimpinan Patih langsung menuju Giri. Perang pun terjadi. Orang Giri ketakutan dan tidak mampu menahan serangan pasukan tempur Majapahit. Sunan Giri lari ke Benang meminta bantuan pasukan, setelah mendapatkan pasukan lantas kembali menghadapi pasukan Majalengka. Perang sangat ramai. Waktu itu hampir separuh orang Jawa sudah memeluk agama Islam. Mereka yang tinggal dipesisir utara sudah hampir semua memeluk agama Islam. Sedangkan orang Jawa yang tinggal di selatan masih tetap beragama Buda (Shiwa Buddha). Sunan Benang sudah menyadari kesalahannya sehingga tidak berani menghadap ke Majalengka. Lantas bersama Sunan Giri melarikan diri ke Demak. Sesampainya di Demak segera mengajak Adipati Demak untuk menggempur Majalengka. Begini ucapan Sunan Benang kepada Adipati Demak : “Ketahuilah bahwa saat ini sudah tiba masanya kehancuran Majalengka. Sudah seratus tiga tahun berkuasa di nusantara. Dari penglihatan batinku, yang sanggup menjadi Raja tanah Jawa, tiada lain kecuali dirimu. Saranku, hancurkan Majalengka, tapi dengan cara halus, jangan sampai menyolok mata. Nanti pada saat garebeg Mulud (peringatan Kelahiran Nabi Muhammad) di Ngampeldhenta (Surabaya), bawalah banyak tentara Demak dengan persenjataan perang lengkap untuk menghadap ke Majapahit (seusai dari Ngampeldhenta). Ingat, 1. Pakailah cara halus, 2. Undanglah seluruh bupati yang sudah memeluk agama Islam untuk berkumpul di Demak dengan dalih hendak membangun masjid Demak. Jika nanti mereka sudah berkumpul, apapun perintahmu pasti dituruti.”

Adipati Demak menjawab, “Saya takut merusak Negara Majalengka, yang berarti memusuhi ayah dan raja sendiri, bahkan beliau juga telah memberikan anugerah kenikmatan duniawi kepada saya sebagai seorang Adipati. Lantas mengapa balasan saya seperti itu? Bukankah sudah pantas jika saya membalasnya dengan kesetiaan dan kesungguhan? Wasiat dari eyang Sunan Ngampelgadhing (Sunan Ampel), tidak diperbolehkan saya memusuhi ayahanda sendiri, walaupun beliau beragama Buda tapi beliaulah yang menjadi lantaran saya terlahir menjadi manusia didunia ini. Walaupun orang Buda dan kafir sekalipun, jika dia adalah ayahanda sendiri tetap haruslah dihormati. Apalagi beliau tidak memiliki kesalahan apapun.”

Sunan Benang berkata lagi, ”Walaupun harus melawan ayahanda atau Raja, tidak ada salahnya! Sebab dia orang kafir! Jika menghancurkan orang Buda kafir kawak (kawak : totok), maka imbalanmu adalah surga! Eyang Sunan Ampel itu hanya santri kecil, walau bercukur rambut tapi pengetahuan beliau masih kurang luas, hanya pantas menjadi ulama biasa. Berapalah pengetahuan agama Sunan Ngampelgadhing (Sunan Ampel) keturunan orang Champa itu, dibandingkan dengan diriku, Sayid Kramat, Sunan Benang yang terkenal dipenjuru bumi, keturunan langsung Rasul (Nabi Muhammad) dan menjadi panutan orang Islam Jawa. Jikalau dirimu berani menghancurkan ayahandamu, walau seandainya memang berdosa, tapi hanya berdosa kepada satu orang dan orang tersebut orang kafir. Jikalau sampai kamu bisa mengalahkan ayahandamu, seluruh orang Jawa akan memeluk agama Islam. Yang semacam itu, berapa lagi keuntunganmu mendapatkan pahala dari Tuhan, sungguh tak terhitung lagi! Tak terbilang kasih Hyang Maha Kuasa yang akan kamu dapatkan! Dengarkan, sesungguhnya ayahandamu telah menyia-nyiakan dirimu. Tandanya dirimu diberikan nama Babah, itu tidak benar dan sangat memperhinakan dirimu. Maksud ayahmu memberikan nama Babah sesungguhnya berarti Bah mati Bah urip (Biar mau mati kek biar mau hidup ~ Bah : Biar. Sunan Benaang mencoba memelintir arti nama Babah : Damar Shashangka). Ibumu dibuang diberikan kepada Arya Damar, Bupati di Palembang. Padahal Arya Damar adalah keturunan Raksasa (maksudnya ibu Arya Damar, yaitu Ni Endang Sasmitapura dulu adalah penganut Tantra Bhairawa yang melakukan ritual dengan memakan mayat dan meminum darah manusia, makanya dalam Babad disebut Raksasa : Damar Shashangka). Kelakuan ayahmu itu namanya menyakiti cinta ibumu. Sungguh ayahandamu tidak baik hatinya. Oleh karenanya, balaslah secara halus, maksudnya jangan menyolok mata, hisap darahnya dan kunyah tulangnya secara diam-diam!”

Sunan Giri ikut bicara,”Aku sendiri tidak mempunyai salah juga diperangi oleh ayahandamu, dituduh hendak mendirikan negara, disebabkan karena aku tidak menghadap ke Majalengka. Aku dengar sesumbar Patih Majalengka, jika aku tertangkap akan dikepang ramputkui seperti anak kecil dan disuruh memandikan anjing! Banyak orang china yang datang ke Jawa, dan di daerah Giri semua aku Islam-kan, sebab menurut ujar kitab suci, jika meng-Islam-kan orang kafir, balasannya kelak adalah surga. Oleh karenanya banyak orang china yang aku Islam-kan, dan aku anggap keluarga sendiri. Kedatanganku kemari hanya meminta perlindungan, aku takut kepada Patih Majalengka sedangkan ayahandamu sangat benci kepada para santri yang suka memuji dan berdzikir seperti aku. Katanya seperti orang sakit ayan orang berdzikir dengan menggerakkan kepala kekiri dan kekanan. Jika kamu tidak angkat senjata, pasti akan habis agama Rasul Nabi (Islam) di Jawa!”

Sang Adipati Demak menjawab,” Ayahanda menyerang Giri itu sudah benar, jika ada seorang penguasa daerah, tidak tunduk kepada Raja sebagai penguasa tertinggi, sudah semestinya diserang bahkan wajib dihukum mati. Sebab penguasa semacam itu tidak menyadari telah numpang hidup di tanah Jawa.”



Tidak ada komentar:

Posting Komentar